1. Stuktur kang bisa dideleng lan dituduhake ing geguritan, minangka teges saka salah siji struktur geguritan, yaiku ....
A. Tipografi
B. Purwakanthi
C. Tembung sambung
D. Lair
E. Batin
2. “endahe esemu sing bisa gawe bungahing atiku”
Pethikan geguritan ing nduwur, nggunakake panyitra ....
A. Pangganda
B. Pangrungu
C. Pandeleng
D. Pangrasa
E. Panindak
3. Tuladha purwakanthi guru swara ana ing ngisor iki yaiku ....
A. Dak antu tekamu, kaya wengi kang kapungkur gemriyak sawaram paring lelipur
B. Katresnan kang dak gadhang, saya suwe saya ora karuan
C. Swasana wis peteng, bocah-bocah padha turu anteng
D. Abang mbranang kalmbi sing dienggo
E. Endahe esemu kaya endahe rembulan ing wayah wengi
4. Ing ngisor iki, kang kalebu struktur batin geguritan yaiku ....
A. Amanat, purwakanthi, tema
B. Wirasa, amanat, purwakanthi
C. Amanat, lelewane basa, purwakanthi
D. Lelewane basa, amanat, tema
E. Tema, wirasa, amanat
5. Tujuan saka nggancarake geguritan yaiku....
A. Supaya bisa luwih gampang mangerteni amanat saka geguritane
B. Supaya luwih gampang ndhudhah geguritane
C. Supaya bisa dimangerteni isine
D. Supaya luweh gampag anggone maca
E. Supaya bisa diweruhi isine
6. Sajrone maca geguritan, kudu nggatekake vokal utawa swarane. Salah siji bab sajrone vokal yaiku artikulasi kang nduweni teges ....
A. Alon cepete pangucapan
B. Alon bantere swara
C. Owah-owahane swara
D. Pangucapane tembung kudu wuwuh lan cetha
E. Lagune ukara (ukara prentah, pitakon, lan sapanunggalane)
7. Nalika geguritan kang diwaca nduweni tema perjuangan, mula nalika maca kudu semangat, lan nuduhake emosi perjuangan. Bab kasebut jumbuh marang solah bawa nalika maca geguritan, yaiku ....
A. Komunikatif
B. Semangat
C. Konsentrasi
D. Tindak tanduk
E. Ekspresif
8. Tuladha panganggone tandha andhegan kang tegese swara munggah, swara kang seru banget, lan mandheg suwe yaiku ....
A. Aku __ kelingan ~~~ sliramu ///
B. Aku / kelingan ~~ sliramu
C. Aku // kelingan ~~~ sliramu /
D. Aku ~kelingan ~~ sliramu ~~~
E. Aku / kelingan _ sliramu __
9. Adat tradhisi saben-saben daerah mensthi beda-beda amarga ....
A. Nduweni tradisi dhewe-dhewe
B. Pola pikir saben daerah ora padha
C. Adat tradhisi ana gumantung pola pikir kang padha
D. Pola pikir saben daerah mesthi padha
E. Supaya nduweni ragam adat tradhisi sing bedha-bedha
10. Larung sasaji minangka tradhisi kang ana ing daerah ....
A. Pesisir segara
B. Sawah
C. Gunung
D. Omah
E. Tambak
11. Tugase Dhalang sajroning pagelaran ing wayang kulit yaiku, ….
A. Nata wayang sing bakal di lakokake
B. Nembangake tembang-tembang sajroning pagelaran wayang kulit
C. Nglakokake wayang
D. Nglakokake wayang lan dadi narrator antawacana paraga-paraga wayang
E. Nabuh gamelan kanggo ngiringi wayang
12. Guru gatra : 5
Guru wilangan lan lagu : 7u, 10u, 8u, 12i, 8u, 8o
Titikane tembang macapat ing nduwur kuwi kalebu jinising tembang macapat ....
A. Mijil
B. Gambuh
C. Megatruh
D. Kinanthi
E. Pucung
13. Wong makarya laras tugas lan fungsimu,
Ngabdi mring Negara,
Sregep tandang tan korupsi,
Kang prayoga nggonmu labuh dadi bangsa.
Tembang macapat ing dhuwur ngemot pitutur babagan ....
A. Pamarintahan
B. Sosial
C. Pendhidhikan
D. Ekonomi
E. Kabudayan
14. Ancas saka panulisan lapuran upacara adhat yaiku kanggo ....
A. Meruhi reroncene adicara
B. Pangeling-eling rantaman adicara
C. Meruhi bab upacara adhat kang ditulis
D. Pasinaon ing dina tembe
E. Ilmu ngenanu uapcara adhat ing daerahe dhewe-dhewe
15. Cak-cakan kang kudu digatekake nalika nulis laporan ana ing ngisor iki, kajaba ....
A. Nuwuhake pamikir marang bab kang dirembug
B. Ngumpulake dhata
C. Ngumpulake pamanggih
D. Ngolah dhata
E. Miwiti nulis cengkorongan
16. Supaya laporan bisa katulis kanthi rinci lan migunanai, mula bab kang kudu digatekake yaiku ....
A. Milih dhata kanthi acak
B. Ngarang laporan bebas
C. Ngumpulake pamikiran-pamikiran ngenani bab kang dibahas
D. Nindakake pakaran kanthi semangat
E. Ngurutake nulis laporan adhedhasar tata cara panulisan kang bener
17. Para rawuh ingkang satuhu dhahat kinurmatan, keparengaken kula cumanthanga ngadeg, sowan wonten ngarsa panjenegan sami, awit ngemban jejibahan dhawuh saking panjenenganipun Bapa Prasetya ingang hamangku karsa.
A. Salam pambuka
B. Atur pakurmatan
C. Pangajak miwiti acara
D. Panyapa
E. Salam panutup
18. Jejibahan pranatacara ana ing ngisor iki, kajaba ....
A. Ngatur lakune acara
B. Miwiti acara
C. Mrentah paraga liya jumbuh karo ayahane
D. Tanggung jawab marang rendhet rancage acara
E. Tanggung jawab marang pasugatan sajrone acara
19. Bedane teks pranatacara lan tes pamedharsabda yaiku bisa dideleng saka ....
A. Pambuka
B. Isi
C. Rantaman adicara
D. Atur pakurmatan
E. Papan lungguhe
20. Jinise teks pamedharsabda kuwi akeh banget. Pamedhar sabda kang ngemu wigati nampa rawuhe tamu yaiku ....
A. Atur panampi
B. Atur pangayubagya
C. Atur wilujeng
D. Atur pasrah
E. Atur pakurmatan
I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!
21. Gagasan pokok kang dadi dhasar panggurit ngrakit tembung dadi geguritan diarani …tema
22. Para siswa kudu munjerake pikiran, wektu, lan tenaga kanthi nggladhi sinau maca geguritan. Bab kasebut minangka bab kang kudu digatekake nalika maca gegurian, yaiku …konsentrasi
23. Sajrone upacara adat, mesthi ana ubarampe kang kudu dicepakake. Tegese ubarampe yaiku… perlengkapan
24. Sajrone pranatacara, atur pangapura minangka perangan …panutup
25. Polatan lan tindak tanduk kang nyengsemake, sumanak, nanging isih njaga kawibawan minangka teges saka....olah subasita / solah bawa
II. Wangsulana pitakonan-pitakonan ngisor iki kanthi wangsulan sing cocog!
No |
Pitakonan |
Wangsulan |
26. |
Blegere geguritan kang bisa dideleng langsung. B |
a.
Imaji |
27. |
Kaendahan tembung, ukara lan basa kang digunakake panggurit. F |
b.
Tipografi |
28. |
Tetembungan kang nduweni daya panyitra. A |
c.
Purwakanthi
|
29. |
Tembung kang gunane kanggo nguwatake tembung ndhuwure lan nisore. D |
d.
Tembung
sambung |
30. |
Tembung kang nduweni swara runtut. C |
e.
Wirasa |
|
f.
Lelewane basa |
III. Wenehi tandha silang (X) ing salah siji jawaban sing bener (Bener/Salah)!
31. Tempo yaiku alon bantere swara, selaras-seimbange swara, nganti dadi kaya wirama kang endah. (B/S)
32. Wirasa-swasana ing geguritan awujud pangalembana, pakurmatan, pangajak, seneng, sedhih, nesu lan sipate manungsa liyane. (B/S)
33. Amanat yaiku pesen kang disampekake panganngit marang pamaca (B/S)
34. Acara “glundungan” sajrone tingkeban diwiwiti juru sumbaga njupuk endhog saperlu dilebokake ing bebete calon ibu sing mbobot ora nganti pecah. (B/S)
35. Ngaben minangka upacara adat ing daerah yogyakarta (B/S)
36. Olah busana kudu digatekake amerga jumbuh marang apik orane, rapi orane, lan cocog orane kombinasi klambi sing dienggo. (B/S)
37. ”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.”
Ukara ing ndhuwur minangka perangan pambuka sajrone pidhato. (B/S)
IV. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
38. Geguritan inig ngisor iki wenehana tandha andhegan (mandheg saetungan, swara alon lagune alus, swara dicethakake nanging cendhak, lan mandheg suwe utawa leren)!
“Gusti kuwi cedhak tanpa senggolan adoh tanpa wangenan.”
39. Coba gawea geguritan!
40. Wenehana tuladha teks pambuka pranatara ing adicara perpisahan sekolah!
0 comments:
Posting Komentar